BELAJAR SEPANJANG HAYAT


Catatan Harian Seorang Guru IPA







Selamat berkunjung di blog kami, semoga bermanfaat

Sabtu, 17 Desember 2016

Giliran


 Cerkak daning Agus Pribadi

Saben malem jemuah neng lingkungan umahe inyong ana kegiatan sing jenenge giliran, ya kuwe giliran maca yasin lan tahlil. Ndongakna maring leluhur sing wis mantuk dening alam kubur, moga-moga dosa-dosane dengapure dening Gusti Pangeran.
Gambar Pixabay.com
Jan-jane nek deetung ana 40an kepala keluarga neng lingkungan RT, ningen sing aktif melu giliran antarane mung separo yakuwe wong 20an. Pancen angger ora deniati sekang ati sing paling jero kanggo ngibadah rasane kayong abot banget angger teka giliran turut umah saben malem jemuah. Apa maning angger agi kesel merga awane nembe kerja abot, utawane angger agi udan deres lan hawane atis banget. Kepengine ngaso prei disit. Ningen ya anu wis dadi kesepakatan bareng dadine tumrape anggota giliran sing wis kulina ya kudu tetep mangkat.
Saben mangkat giliran ana iuran anggota telungewu perak kanggo ngisi kas karo konsumsi nggo sing agi kebagian kanggonan giliran. Banjur ana iuran dansos rongewu perak. Dansos kuwe ancase kanggo tuku keperluan wong mati yakuwe ana mori, kapur barus, sabun adus, lan liya-liyane.
“Dansos kiye ancase ben awake dhewek wis siap angger ana kebutuhan nggo wong sing depundut neng Gusti Pangeran sewektu-wektu,” kaya kuwe ngendikane pak RT dong ana giliran malem jemuah wingi neng nggone kaki Dipa. Senajan kerjane serabutan kadang-kadang ngarah rongsok, kaki Dipa kelebu salah siji anggota giliran sing paling sregep mangkat. Kena dearani kaki Dipa mangkat terus saben-saben malem jemuah. Dong ana udan barat kaki Dipa tetep mangkat mbangkane anggota sing mangkat mung wong wolu. Kaki Dipa uga wis lunas mbayar dansos kanggo setaun mbangkane nembe wulan januari. Malem minggu wingi kaki Dipa aweh duwit patlikur ewu kanggo mbayar dansos.
“Kiye dansose tek bayar setaun sisan. Inyong mau nembe adol rongsok olih mandan akeh,” omonge kaki Dipa karo nylonongna duwit patlikur ewu maring kaki Karta sing dadi bendahara.
Malem jemuah kiye langite katon semanger. Ora udan ora mendung. Wulan neng langit bunder lan cemlorot banget sinare. Atine inyong katon bombong banget mergane malem kiye gilirane neng umahe inyong. Bubar ngisa wong-wong wis padha kumpul kejaba kaki Dipa.
“Kaki Dipa urung mangkat ya?”
“Iya embuh kenang apa.”
Wong-wong pada takon, ora tau-taune kaki Dipa urung keton mbangkane wis mandan wengi, gilirane wis arep dewiwiti.
Inyong uluk salam. Miwiti acara giliran neng umahe inyong. Banjur inyong nyambut nganggo basa banyumasan. Senajan basane dhewek ningen nyambut nganggo basa banyumasan kayong mandan angel mergane inyong lewih sering nganggo basa Indonesia angger nyambut neng ngarepe wong akeh. Senajan mandan gratal gratul inyong tetep nyambut nganggo basa banyumas.
“Maturnuwun atas rawuhipun panjenengan kabeh, moga-moga dadi amal ibadah sing apik...” Inyong ora kelalen ngucapna maturnuwun kanggo wong-wong sing wis pada teka.
***
Bubar jemuahan, inyong desamper neng kaki Karya.
“Ayuh pada tilik kaki Dipa sing agi mriyang.”
“Mriyang apa, Ki?” inyong kaget nembe ngreti nek kaki Dipa mriyang.
“Jere dadane sesek, sekiye opname neng rumah sakit.”
Inyong karo kanca-kanca banjur mangkat maring rumah sakit. Kaki Dipa lagi turu njrengkanang irunge detambahi oksigen sing desalurna sekang tabung nganggo selang maring irunge. Nini Bayi, bojone kaki Dipa memblep-memblep nahan luhe sing arep tiba sekang mripate.
“Sing sabar ya, Yu,” semaure kaki Karya nglipur maring wong sing agi nanggung beban abot.
Bali sekang rumah sakit, inyong ngelamun ana neng sedawane dalan bali maring ngumah. Inyong ndonga muga-muga kaki Dipa bisa waras maning lan bisa melu giliran kaya biasane. Pancen angger ndeleng tanda-tandane apa baen sing urip ya bakalan arep mati, arep pada bali maring rohmatulloh. Wit pring sing wis tua detegor, ana anake maning sing tukul lan dadi wit pring maning, kaya kuwe seteruse. Ana kucing sing manak. Beyunge kucing sing wis tua mati penyakiten utawane kenang musibah ketabrak montor utawane mobil. Cecek pada ngendog endoge netes dadi anak cecek banjur gede nggenteni biyunge sing mati kejempit lawang utawane sebab liyane. Wong sing wis pengantenan pada nduwe anak banjur anake pada gede nggo nggenteni wong tuwane nek wis seda. Ningen babagan umur menungsa utawane makhluk urip liyane ora pandang umur. Ana kalane sing enom depundut disit neng Guti Pangeran tenimbang sing tuwa. Contone Putune kaki Karya seda dong agi nembe lair.
***
Malem jemuah ngarepe gilirane neng umahe kaki Karya, Kaki Dipa tetep urung mangkat. Dong acara arep dewiwiti keprungu ana wara-wara sekang mesjid sing ana neng pojok dusun. Wara-wara kuwe jebule kabar lelayu nek kaki Dipa wis depundut neng Gusti Pangeran jam pitu mbengi neng rumah sakit.
Wong-wong pada ngucap “inna lillahi wa inna ilaihi raji’ung...” bar kuwe banjur pada ndingkluk meneng antarane ana rong menitan. Ndean-ndeane pada kaya inyong. Merenungi babagan wong urip neng alam dunya mung nunggu giliran kapan lan sapa disit sing depundut neng Gusti Pangeran. Angger wis titi mangsane ora ana sing bisa nyegah. Merga kuwe wong urip kudu tetep eling maring sing gawe urip lan nyiapna apa baen sing kena kanggo bekal mangkat maring alam sing arep teka, termasuk nyiapna ubo rampe kanggo ngurus jenazah.[]
Banyumas, 31 Januari 2016

Keterangan :
Naskah kiye versi asli sedurunge demuat neng majalah Ancas Kalawerta Penginyongan nomer 79-Taun VII/12-2016

Share:

0 komentar:

VIDEO PEMBELAJARAN

Frequency Counter Pengunjung

Artikel Terbaru

LINK SAYA

Komentar Terbaru

Konsultasi IPA