BELAJAR SEPANJANG HAYAT


Catatan Harian Seorang Guru IPA







Selamat berkunjung di blog kami, semoga bermanfaat

Sabtu, 07 September 2013

Kaki Bengel

Cerkak dening Agus Pribadi (Satelitpost, 25 Agustus 2013)




Embuh sapa sing njenengi. Wong-wong ngarani Kaki Bengel. Bengel ya padha baen karo puyeng. Janen jenenge tah kaki Dipa, napine embuh awit kapan koh wong-wong padha ngarani kaya kuwe. Goli ngarani ora neng ngarepe wonge. Nang mburi, dadine ya sing diarani ora ngerti.
Kaki Dipa nduwe anak papat. Sing loro wis umah-umah, lewihe esih sekolah neng lanjutan pertama karo lanjutan atas.

Kaki Dipa dadi pegawe sing gajine bisa diarani ya mung pas-pasan kanggo kebutuhan saben dinane karo kanggo nyekolahna anake. Napine wong kuwe uripe kepengine sing mandan wah. Montor ya karepe sing apik, sing mereke terkenal, sing deiklanna neng tivi, sing ora akeh sing nganggo. Umah ya karepe deapiki dadi katon kayong umah gedong magrong-magrong. Tivi ya karepe sing layar datar 32 inci. Anak lanange sing sekolah nang lanjutan atas ya detukokna montor sing ora kalah apike karo montore ramane. Lan liya-liyane. Pokoke gajine sewulan jan-jane ya ora cukup kanggo kebutuhan sing akeh kaya kuwe.
Napine wong kuwe koh teyeng. Lha wong-wong selet suwe padha ngerti, nek utange dheweke kuwe akeh banget. Kayong jamur sing tukul nang musim udan, nang ngendi-ngendi ana. Mrotok. Utange nang bang ora mung siji. Utange nang wong-wong, lan liya-liyane. Lha kuwe sing marekna dheweke bengel. Esih tanggal enom ya wis bengel. Bojone baen kadang kayong arep njerit-njerita.
“Kang, geh inyong selet suwe ya dadi bengel. Nek mung diwei duwit semene unggal wulane. Lha rega-rega wis padha mundak, koh inyong mung decekeli duwit semene.” Yu Binah, bojone kaki Dipa ngresula karo memblep-memblep meh saben wulane angger nampani duwit sekang sing lanange.
“Lha, rejeki sepira-sepira ya mbok aja moni-moni. Desyukuri baen sih ngapa. Lha wong anane semeno kon dekapakna maning?” kaki Dipa alias kaki Bengel mangsuli karo nyekeli bathuke sing  mandan cunong. Bengel.
“Ya syukur sih syukur, Kang. Napine ya sing kira-kira angger aweh duwit. Kuweh akibate nek dhewek utange akeh. Dadine lewihe mung sethithik saben wulane, Kang. Nek semeni sih mung kanggo mangan 10 dina ya wis entong.”
“Lha rika koh maido maring inyong. Inyong kesel-kesel ngode ya nggo rika karo bocah-bocah!”
“Ya mangsude sih inyong ora maido, Kang. Mung ngemutna nek wis aja utang maning, Kang.”
“Lha nek ora utang ya ora bisa tuku apa-apa.”
Nek wong loro lanang wadon kuwe wis ngomong babagan utang, ya wis ora ana rampunge. Ora ana sing gelem ngalah. Paling-paling nek wis kesel nembe mandek dhewek. Utawa nek anake wis bali sekang sekolahan. Padha isin ndean.
Lha sepet kuwe kaki Dipa dijuluki kaki Bengel. Inyong ya janen arep ora tiru-tiru. Mung kadang melu kegawa ngarani julukan kuwe. Soale ya pancen nek ketemu tanggane inyong kuwe ya kayong keton bengel terus.
“Inyong lagi bengel koh.” Kaya kuwe omonge kaki Bengel eh kaki Dipa karo nyekeli bathuke dong pas ketemu neng warung kopi, neng pos ronda, neng umahe ertene, lan akeh maning.
Ujar-ujare mung kae wong sing bengel mbok. Wong liya ya padha baen kadang bengel, mung ora decritak-critakna. Ana sing bengel ora duwe duwit. Ana sing bengel detinggal bojone ngode neng negara liya. Ana sing bengel anake ora ketampa neng sekolah sing dekarepna. Ana sing bengel putus cinta. Ana sing bengel ora mbojo-mbojo. Ana sing bengel lara untu. Ana sing bengel montore ilang. Lah pokoken angger detulis ya ora rampung-rampung.
***
Sore kuwe udan gede banget. Ning udane ora suwe. Mung kaya banyu desuntek sekang langit. Bar kuwe njur terang. Inyong ngopi karo bojone. Karo jagongan nang ruang tamu. Karo ndeleng selokan sing banyune akeh mili maring kali. Ya moga-moga nang kene aja ana banjir. Ora teyeng mbayangna sepira susahe nek kebanjiran.
Lha lagi nyamleng-nyamlenge ngopi, koh sekang kadohan ana wong mlaku kedimik-kedimik kayong kaki Dipa. Nembe baen mikir sapa kae sing lagi mlaku maring ngeneh, bojone inyong ngomong seru banget,” Kang, kae ana kaki Bengel arep ngeneh apa ya?”
“Husss...! aja melu baen ngarani kaki Bengel. Kae tolih kaki Dipa.” Inyong ngemutna bojone sing mung mesem.
Wong sing mlaku tambah genah. Ya pancen kaki Dipa.
“Assalamu’alaikum...!” kaki Dipa uluk salam.
“Wa’alaikum salam,” inyong karo bojone njawab bareng.
“Mangga-mangga, Ki,” inyong mbukak lawang karo manggakna kaki Dipa.
Kaki Dipa njagong. Bojone inyong mlebung njero. Ora suwe ngetokna kopi karo godogan gedang.
Nembe baen inyong arep takon keslametan, kaki Dipa lewih cepet ngomong dhisit, “Inyong lagi bengel kiye koh.” Tangane ora keri nggoli nyekeli bathuke.
Lha inyong ya mung melas karo kepengin ngguyu janen. Napine ya tek tahan. Ora kepenak mbok kesuh.
“Bengel kenang apa, Ki?” inyong takon, janen ya wis ngerti paling-paling ya masalah duwit.
“Iya kiyeh koh, lagi bengel. Butuh duwit nggo mbayar cicilan montore anak lanang. Rika duwe simpenan, Mas?”
Inyong clingak-clinguk bingung arep mangsuli apa. Bojone inyong sing njagong neng jejere inyong ya padha baen clingak-clinguk. Lha inyong dhewek baen lagi bingung, anake inyong sing umure nembe limang taun ya lagi njaluk detukokna pit anyar. Inyong mung ngode macul. Kuwe baen angger ana sing prentah. Kepriwen jajal?
“Lha rika detakoni malah nglogog kaya garan bendo?” kaki Dipa semune mandan kesuh.
Inyong tetep urung teyeng njawab. Bingung arep ngomong apa. Mung ngukuri rambut sing ora gatel.(*)
Banyumas, 11 Februari 2013
Share:

VIDEO PEMBELAJARAN

Frequency Counter Pengunjung

Artikel Terbaru

LINK SAYA

Komentar Terbaru

Konsultasi IPA