Daning Agus Pribadi
Lintang nang langit kaya dene lampu-lampu hias nang malem pitulasan.
Layar sing digawe dening Gusti Pangeran kae dadi katon sumringah. Kaya dene
sumringahe raine wong telu sing lagi jagongan nang lapangan cedak kampus, sinambi
nginum wedhang jahe karo mangan sega kucing lawuh mendoan. Wong-wong pada
pating sliwer, ana sing mlaku lan ana sing numpak pit montor. Wong telu kae
kanca kuliah sing ruket banget. Runtang-runtung bareng kaya kakang adi. Sing
katon paling sumringah ya Wono. Apa sebabe Wono sing paling sumringah
debandingna karo kancane sing loro, Adi karo Anjar?
“Mayuh pada nganakna sayembara, sapa sing paling dhisit
olih pendamping nggo wisuda ngemben, berarti sing menang. Olih hadiah ditraktir
mangan-mangan nang “Ayam Bakar Al Fath”, sing mbayari sing kalah. Wektune mung
sepuluh dina,” Adi sing nganggo sarung karo kaos oblong ngomong ngambi
leyeh-leyeh nang kursi dhawa kos-kosane.
“Mayuh, sapa wedhi,” Anjar
semaur, onine alon tapi mantep. Tangane karo nulis nganggo pulpen nang buku
gede, kayane lagi nulis geguritan utawane cerkak.
“Inyong ora wedhi,” Wono nyahuti meh bareng karo onine Anjar.
Tangane karo nyekel kertas sing delinting nggo mbersihi bolongan kupinge.
Awit dina kuwi padha gregah, sapa sing bakal detuju. Bocah ayu
ngendi sing arep detembung nggo dadi calon bojo.
Sing paling gelis usahane ya Adi. Meneng-meneng Adi ngincer Ratna
lan Dewi sing arep detembung. Nang pikirane, nek Ratna ora gelem, ya Dewi mbok
menawane gelem. Ratna asale sekang Cilacap, nek Dewi sekang Purbalingga. Lorone
adik angkatan kuliah nang Purwokerto. Senajan urung pengalaman babagan kaya
kuwe nalika SMA, tapi Adi njajal nyedeki bocah loro sisan.
Ana baen sing nggo alasan Adi ben cedek karo Ratna lan Dewi. Sing
nyilih buku catetan, dolan nang kos-kosane, lan liya-liyane. Senajan ngrasa
grogi, tapi Adi wis ayem, sebabe wis wani nyedeki bocah loro sisan, sing
dekarepna salah siji ana sing gelem karo dheweke. Isi atine wis deungkapna
maring Ratna lan Dewi, gari nunggu jawabane.
Seminggu wis mlaku, wong telu lagi padha jagongan nang ruang tamu
kos-kosan. Adi lagi nyruput kopi klangenane. Anjar lagi gawe geguritan nang
buku gede. Wono lagi mbersihi bolongan kupinge karo kertas sing delinting.
“Tut tut...tut tut...!” HP-ne Adi muni. Gagean Adi ndeleng apa isi
sms-e. Ana sms loro sisan, sing ngirim Ratna lan Dewi.
Pangapurane Mas Adi. Inyong ora bisa nampa ajakane panjenengan.
Ratna
Inyong ora bisa mas Adi. Dewi
Sauwise maca sms kuwe, raine Adi katon abang. Anjar lan Wono
penasaran, takon bareng, ”Sms sekang sapa?”
“Aku detolak neng bocah wadhon loro sisan.”
Sing padha takon ora sedih, nanging malah padha ngguyu bareng.
“Hahahahahaha...”
Adi mlebung kamar, terus turu kemureb ngangkeb-angkeb. Awake lemes,
kaya nembe deentupi neng tawon sing jumlahe akeh.
Meneng-meneng Anjar ya lagi usaha. Geguritan-geguritan sing deanggit
arep dewenehna maring Shinta -adik angkatan kuliah- bocah wadon sing arep
dipilih nggo calon bojone, nek gelem. Anjar pancen bocahe beda karo Adi. Anjar
ora gelem ngomong langsung nek seneng karo bocah wadon, napine nganggo
perumpamaan-perumpamaan, misale aweh geguritan utawane aweh kembang. Dadine
bocahe wadon ora krasa nek lagi diajek mlangkah maring hubungan sing lewih
adoh.
Urung nembung langsung, napine Anjar kayong wis olih jawabane.
Nalikane lagi liwat kos-kosane Shinta, Anjar weruh dhewek nang ngarepan, Shinta
lagi njagong jejeran karo bocah lanang sing ngganthenge kaya Janoko. Anjar
banjut kayong lemes pisan, njaluk maring kanca-kancane mbalik maning maring
kos-kosan, ora sida mlaku-mlaku. Sewise tekan kos-kosan Adi karo Wono ngguyu
bareng,” Hahahahahahahaha”
“Kayane, aku sing arep menang, soale Asih nek ketemu karo aku
ngguyu-ngguyu baen,” Wono manas-manasi kancane loro sing wis ora ana
pengarep-arep maning.
Iku sebabe Wono sing paling keton sumringah. Wono ngrasa sing
arep menang, mbayangna nek arep detraktir neng wong loro, mangan-mangan nang Al
Fath karo calon bojone. Wono yakin banget, sebabe Asih wis katon ana
tanda-tanda seneng karo dheweke. Asih -adi angkatan kuliah- nek ketemu eseme
manis kaya madu. Wono dadi ngrasa nek perhatiane nyilihi buku diktat kuliah,
ngrewangi tugas-tugas kuliahe, lan liya-liyane desambut apik neng Asih.
Wengi kuwe-dina sing kaping sepuluh sayembara- wong telu pada
medangan. Wedang jahene sing neng gelas gedhe wis arep padha entong. Sega
kucinge wis depangan, Adi malah entong telung bungkus, mulane kanca-kanca padha
ngarani demblong. Mendoane wis entong awit mau, gari lambare thok sing kosong
mlompong. Wong-wong esih rame padha liwat. Ana sing mlaku bareng lanang wadhon,
kayane ya arep pada mlaku-mlaku loroan. Ana sing mlaku karo nggawa buku banjut
mampir nang foto kopian, kayane arep moto kopi diktat kuliah. Ana sing numpak
motor alon pisan dewekan utawa boncengan. Senajan udu malem minggu, napine
wengi kuwe rame pisan. Wono mbayangna nek sing lagi numpak motor boncengan
lanang wadon kae dheweke karo Asih.
“Wono, ngerti ora kae
sapa...?” Adi karo Anjar ngomong bareng senajan ora diaba-abani. Mbuyarna Wono
sing lagi nglangut. Tangane wong loro kuwe nunjuk maring wong loro lanang wadon
sing lagi liwat nang gili ngarep lapangan. Ndeleng sapa sing detidokna, tangane
Wono ora sengaja nampes gelas gede sing esih ana isine separo. Wedang jahene
wutah, gelase ngglinding neng nduwur klasa.
“Aaaargh...!” Wono melumah karo turuan. Nyawang langit sing wis
malih dadi ireng, ora ana lintang maning. Lintange ketutup awan mendung.
Tleming-tleming kayong arep udan. Sing liwat Asih karo bocah lanang saingane
Wono. Mlakune kayong serasi pisan, ora clingak-ora clinguk. Ora ngerti nek ana
wong lanang sing lagi njrengkanang nang tengah lapangan. Adi karo Anjar
ngguyu,”Hahahahahaha...”[]
Banyumas, 23 Mei 2012
(Dimuat di Majalah Ancas Kalawerta Penginyongan, Nomer 35 Tahun III Februari 2013)
0 komentar:
Posting Komentar